Hallo rek, wingi aku wes posting soal progress resolusiku kan. Saiki aku pengen cerito luweh detail soal salah siji resolusiku yoiku nabung.
Kapanane aku lhak wes tau crito yaopo aku mbagi-bagi duit gajiku supoyo isok nabung. Dadakno kenyataane rek, onok ae pengeluaran tak terduga seng kudu tak tokno, contohe koyok kontrol behel wingi rek, aku kuduk bayar 500k 😫 padahal
biasae mek 200k. Sumpah rek aku rasane kuwaget. Awale aku ngiro duitku bakalan sisa 100 ewu ngunu lah, ealah malah torok 200 ewu lan sek kuduk narik teko atm 200 ewu. Hasile, aku kuduk ikat tali pinggang rapat-rapat. Wulan ngarep aku gak oleh narik ATM. Emboh yopo carane. Tapi Alhamdulillah onok embun seng tiba-tiba mencair. Dadine aku gak ngenes-ngenes banget.
Aku ngeroso lek aku iki rodok salah strategi. Juni tahun wingi, aku melok arisan wulanan karo konco-koncoku nang kantor. Sak wulan aku kuduk bayar 200k. Lha aku melok loro rek, dadi aku kuduk bayar 400k sakben wulane. Bayangno ae rek, gajiku 3juta. Aku bayar arisan 400ewu, bayar asuransi 500ewu. Wes ketok kan sakwulan iku, pengeluaran pasti ku, wes hampir sak juta. Durung bensin karo pulsaku dan kontro behel. Alhamdulillah arisane wes kate mari telung wulan maneh.
Melok arisan iku, perasaku enak nek oleh ngareni, soale koyok mecah celengan. Lek arisane oleh awal-awal rasane koyok bayar utang nang buri-buri. Opo maneh, lek oleh arisan iku, gawanane kuduk belonjoooo ae, kuduk njajaaaan ae. Dadi koyok gak onok untunge. Seng iso tak pelajari teko kejadian iki, nek menurut ku pribadi, aku iki gak cocok melok arisan. Bagiku, melok arisan iku gak perlu perlu banget. Aku mending nabung dewe timbang melok arisan. Nek arisan cilik-cilikan nang deso ngunu ae seh gak masalah yo koyok e. Intine, awakmu nek melok arisan, sesuaino karo budget lan kebutuhanmu. Ojok sampek kewajibanmu bayar arisan nggari awakmu gak isok njajan. Jadi yopo? Awakmu sek pengen melok arisan? Opo onok opini liyane tentang manfaat arisan seng aku durung ngerti? Komen nang ndisor iki yo rek 🤓
[chofifah©]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Jangan Lupa tuliskan komentar Anda di sini. . .