Senin, 11 Februari 2019

Progress Resolusi 2019

Sek wulan Februari tahun 2019. Yopo kabare resolusi seng wes ditulis awal tahun wingi rek? Sek semangat mewujudkan opo malah wes lali? Nek resolusiku seh rek,
alhamdulillah onok seng wes pecah telor. Gak usah tak sebut seng endi lah yo, aku isin ngomonge. Terus, kepengenanku lepas masa lajang tahun iki koyok e onok harapan soale dekne wingi wes ngenalno aku nang keluargane. So, dungakno #2019rabi yoh rek. Sayang onok resolusi seng sakjane printilan cilik-cilik malah gak ndang kelakon lan gak mari-mari koyok nyaur utang poso. Gara-gara opo ngunu iku cobak? Gara-gara males mestine. Eeeealaaah. Ngunu iku ojok ditiru yo rek. 

Sampek wulan Februari iki, onok rong resolusi seng lagi proses. Resolusi pertama yoiku isok mbimbing juara storytelling. Nah, iki aku lagi nyiapno lomba storytelling kanggo dino Senin tanggal 18 Februari mene mben. Dongakno isok juara yo rek. Tapi embuh yo rek, sakjoke aku oleh penghargaan pembimbing berprestasi, rasane aku dadi muwales dan kurang innovasi. Kentekan ide aku. Koyoke aku kejebak zona nyaman. Resolusi nomor loro seng lagi progress iku nabung. Ya Allah rek, sumpah yoo hemat iku rasane uwabot. Biasane aku gampang banget nuku barang seng gak penting tapi seolah-olah iku penting. Saiki, mikir-mikir sek peng bolaaaak balik, kiro-kiro barang seng arepe tak tuku iki mang onok faedah e opo gak. Pol godaan banget. Awal wulan nang akher wulan rasane luwambat koyok mlakune keong. Saiki, aku lek njajan polene ndelok-ndelok budget. Wes gaiso lan gak oleh nggragas koyok tahun wingi, seng mie lah, burger lah, pizza lah, es krim, sushi, sego goreng, pok-pok lan liyo liane. Tapi seng jenenge gambar badokan nang instagram iku ya Allah, rasane nggudo banget njaluk dituku lan diemplok.

Wes rek sakmene ae yo ceritoku. Embuh iki mang aku lagi pengen nulis nganggo Boso Jowo ae. Soale wes wakeh seng ngantri njaluk dituang nang jero tulisan, tapi apa daya aku gak sanggup nulis koyok biasae. Dadine opo onok e koyok ngene iki ae yo rek. Koyok e aku bakalan nulis nanggo Boso Jowo maneh. Mugo awkamu sek semangat  meraih resolusimu tahun 2019 iki yo rek. [Chofifah©]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jangan Lupa tuliskan komentar Anda di sini. . .