Rabu, 18 Desember 2019

Pertama Kali Naik Pesawat? Ojok Wedi! Gampang Kok!


Arsip Pribadi
Hemm akhire isok posting maneh rek, terakhir aku posting puisi GeJe Oktober wingi. hehehe 😊 Dino iki aku pengen posting carane numpak pesawat rek. Aku ngerti nek awakmu iki jane yo wes moderen kabeh rek, tapi aku yakin sak moderen-moderen e koen kabeh, onok seng durung tau numpak pesawat dan butuh informasi tentang toto coro numpak pesawat.

Dadi ngene rek, sakjane aku iki yo wes tau numpak pesawat seh, cuman saben numpak pesawat, awak ndewe iki mung nunut tok, ratau merhatekno temen opo ae seng kudu disiapno lan dilakoni selama nang bandara. Siji dino, aku dadakno kepekso keadaan. Aku kuduk ngancani rombongan arek-arek seng kate lomba nang Malaysia, sayange, waktu iku paspor ku durung mari. Ditinggal wes aku karo rombonganku. Wong-wong budal Senen, aku budal Seloso, ijen tatag. Yowes gelem gak gelem aku akhire kuduk berangkat numpak pesawat dewe. Sekaline numpak pesawat dewe, langsung melancong adoh nang negoro ne tonggo. Wes gausah dowo-dowo, langsung ae disimak carane nang ndisor iki.



1. Pesen Tiket
Pastikno, awakmu wes mesen tiket pesawatmu rek. Jaman saiki pesen tiket pesawat wes gak iwuh lah. Wes isok pesen adoh-adoh dino, gak kuduk pas hari H nang counter e maneh, malah isok milih-milih tiket seng regane paling murah seng akeh promo-promo ne lan liyo liyane.

2. Perhatikno Informasi nang Tiket e
Sakwise awakmu tuku tiket, pastikno terminal endi seng kuduk dijujuk lan jam piro awakmu kuduk check in ambek gate endi seng kuduk mbok leboni. Selain iku, awakmu kuduk niteni bates gawananmu. Ojok sampek abote luwih teko seng wes ditentokno, koyok e tertulis nang tiket piro quota kanggo bagasine. Nek abote gawananmu luwih soko seng ditentokno, yo awakmu kuduk nambahi ongkos. Duwek maneh!

3. Check in
Check in iki lumayan rawan rek. usahakno nyampek nang bandara rong jam sakdurunge waktu penerbangan. Semisal penerbanganmu jam 1 awan, se-enggak e, jam 10 awakmu kuduk wes check in. Lah kog ngunu? iyo, soale Nggon check in iku kadang rame dan sak uwong biasane butuh 5 menitan. bayang no nek wonge iku mang onok 100??? butuh pirang menit coba?

Check in iku ibarat e koyok daftar ulang ngunu loh rek. Jadi petugase ngecek ulang data-datamu, awakmu kuduk nyiapno KTP lan Paspor (misale awakmu nang luar negeri). Selain datamu, Bagasi alias gawanan alias kopermu yo di daftarno sisan nang nggon check in iki. Nek seng mbok gowok gak akeh-akeh, yowes gausah ndaftarno bagasi, nek gawananmu akeh, gausah repot-repot nggowok nang kabin alias jero pesawat. Iling-ilingen rek, barang seng nang jero koper iki nek isok ganok seng berbahaya lan tajam. nek gowo barang cair or lotion, ojok luwih teko 100ml, wedine bakalan muncrat kerono kenek tekanan udara. Nek awakmu nggowo perhiasan, kamera, laptop, digowok ae nang jero kabin.

Oio rek, Biasane nggon check in iku ditutup sakjam sakdurunge penerbangan. Trus counter e ganti dadi counter maskapai liyane. Nek awakmu telat, yowes gaisok check in, gaisok melebu nang ruang tunggu alias ketinggalan dan kuduk tuku tiket anyar. Ndisek, aku pas nang Malaysia, penerbanganku jam 12 awan. aku budal nang bandara jam 8. Jam 9 an aku wes nyampe tekan bandara trus aku langsung check in.

Onok siji kejadian seng dialami kenalanku. Dekne iku katene moleh nang Kalimantan. penerbangan seng dijupuk, sekitar jam 12 awan. Lah dadakno, bocah e budal ket jam 10 awan. Sisan onok beberapa dalanan nang bandara iku macet. Bocahe santai-santai wae soale lagek jam 11. Bar ngunu, dekne bingung soale wes ora iso check in mergo tempat check in e wes ganti dadi maskapai liane. Yoweslah terpaksa tuku tiket anyar.

Betewe, nggon check in iku nang ndi seh? wes awakmu nek wes tekan bandara, dolekono ae tulisan check in. Engkuk awakmu ketemu nggon seng akeh wong antri. nah yowes yoiku. dolekono loket seng sesuai karo maskapai seng kape mbok tumpaki.

3. Gate
Nek wes mari check in, awakmu bakal oleh boarding pass alias karcis rek. Nek wes mari, dolekono penunjuk arah seng onok tulisane "gate". wes dolekono gate seng sesuai karo karcismu.
pas melebu nang gate iki, awakmu, tasmu, diprikso maneh malah sampe di x-ray. Biasane barang-barang seng gak oleh digowo melebu pesawat bakalan disita nang kene.

4. Melbu Pesawat
Nek wes mari, karek ngenteni pengumuman pesawat teko lan karek melebu. Nek wes melbu, wes karek turu-turu tah lapo kunu seng nyuwaman.

5. Jupuk Koper
nek wes mudun tekan pesawat, ojok lali njupuk kopermu. ikuti ae tulisan "terminal kedatangan" karo dolek tulisan "baggage". Nek wes tutuk nggon, karek ndoleki ae kopermu nang sebelah endi. Biasane panggon koper mu onok tulisan nomor penerbangan e.

6. Stempel Imigrasi
Nek awakmu nang luar negeri, sakdurunge jupuk koper, awakmu biasane kuduk nang imigrasi disek kanggo verivikasi paspor.

7. Metu
nek wes mari kabeh, wes karek metu bandara trus langsung cus nang lokasi seng kate mbok tuju rek.

Numpak pesawat gampang toh? Ancen ketok e iwuh nek gurung ngelakoni dewe, soale mek di awang-awang tok. Nek wes langsung praktek, pasti gampang wes. Ojok lali berdoa pokok e, ben awakmu selamet sampek tujuan. lailatulchofifah2019©

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jangan Lupa tuliskan komentar Anda di sini. . .